- the hiddenleaf shinobies -

we ain't naruto fans club. we're just inspired by konoha-gakure managemen system. we use it to develop the basic sci-tech education for children. and here it is one of our communication channel ... welcome #:)

Thursday, November 02, 2006

journal ke kebumen

Vina’s journal
Hiddenleaf ke kebumen rumah vina
23 juli 2006

WARNING!!!
This journal is written in foreign language. If you feel confused, please contact your psychiatrist.

Dina minggu wingi tanggal telu likur juli rongewu enem, inyong karo kanca kanca hiddenleaf lunga meng aring umahe nyong nang aring kebumen. Adoh sih… tapi kepriben mening… mung gari umahku thok sing urung tau ditekani. Rika wis tau meng aring kebumen rung? Gari gari rika ora ngerti kebumen kuwe nang aring endi. Kebumen kuwe jeneng kabupaten nang aring Jawa Tengah… kidule Wonosobo, kulone Purworejo, wetane Cilacap, lore segara kidul. Nah, umahe nyong nang aring desa Karanggedang kecamatane Sruweng. Jane wingi arep ora sido meng Kebumen, lha wong nembene kena tsunami… medheni banget mbok? Nek kendhang katut banyu segara isa modhar nyong… tapi ya… rawe-rawe rantas malang-malang putung… sing jenenge tekat ncen ra gampang buntung… he he he.

Nah dadine pas minggu esuk, jam 7an. Pada janjian kumpul nang aring D6… kaya biasane Kang Tejo teka kebrek dhewek… jam woluan nembe pada kumpul kabeh… trus pada munggah mobil… siap-siap mangkat. Oh ya… Ayu ra isa melu, anu arep ana ujian apalah… mbuh… dadine mung cah 7 sing isa melu. Kang Abi njagong nang ngarep, pinggire Kang Arkha sing dadhi supir, anu mabhokan… dadi inyong ngalah njagong nang tengah karo Riska, karo Tanti… liyane Gholib karo Kang Tejo njagong nang mburi dhewek kaya biasane…

Inyong karo rombongan, gole meng aring Kebumen liwat dhalan kidul, kaelah… apa jenenge… liwat dhalan Daendeles… dhalan alternatip kang Temon tekan mbuh, inyong ra ngerti, sing jelas tekan Petanahan. Dhalan Daendeles kuwe mepet laut… nek ana kali isa keton ombake… apik banget lah… pokoke inyong seneng banget nek liwat kene… dhalane ncen elek, akeh jegundalan karo krowakane… tapi sepi… dadi isa sante lah… tur luwih cepet mbarang… Barang wis tekan nang aring prapatan Petanahan, nek arep meng umahe inyong, milih dhalan sing mujur ngalor… nengen lah… trus lurus terus… ngliwati dhesa, sawah, pasar nganthek tekan penggokan desa Purwodeso, nah umahe inyong kuwe dadi siji karo dusun Karangwuni sing desane Purwodeso… istilahe tanggane lah… bar kira-kira rong jam setengah nunggang mobil, sidhane tekan nang aring umahe inyong… senajan ndesa tur elek… ning ujarku umah paling apik tur nyaman sejagat…

Kaya biasane, inyong karo kanca-kanca di sambut nang keluarga karo dhulurku… bar salam-salaman sedhela… trus langsung madhang… lha wong urung padha sarapan… jane inyong isin sih… nduwe kanca-kanca kencotan… tapi ya… anane lah he he he

Nah, kaya ketiban duren, wong-wong sing padha kencot mau disediani panganan werna-werna banget. Ana sate menthok, sate ambal, cap-cay, opor, lonthong, sambel, rujak, es dhegan, jeruk, kelengkeng, urung ya ana klethikan… pokoke enak kabeh… kaya wong duwe gawe lah… keluargane nyong pancen top, ra tanggung-tanggung.

Wah bingung banget gole mangan, ana akeh banget, tur enak kabeh. Mbuh pada tanduk ping pira, sing jelas nyaris ra ana sisane. Ck ck ck kuwe doyan apa kencot??? Pokoke singkate kabehan pada kewaregen, ngantek pada meneng dhewek-dhewek … lucu banget pokoke lah… oh ya ngantek kelalen, pas mangan rujak, Kang Arka karo Abi kepedhesen, melasi banget

Bar mangan kuwe mung padha jagongan thok, kewaregen. Dolanan kucingku, Fabio…padahal lagi turu malah digangguni terus, jere mbekayuku bar inyong mbalik meng Jogja kucingnge keselen… turu ra iso diganggu, di pindah, di klithiki, di owah-owah mung nggereng-nggereng thok… tapi ra melek… inyong lan kanca-kanca uga dolanan kura-kurane mbekayuku jenenge Jack. Jack kuwe mandan ganas, pas di jikot kang aring aquariume, dhulurku di cokot ngantek metu getieh.

Yah mung kaya kae lah… nganthek awan… ngobrol, ngemil, & dholanan… Kang Tejo malah nganthek turu nang kursi dhewekan, tapi mung sedhela… Bar shalat jama’ah… padha jagongan nang aring teras… ya ngobrol, ngemil karo dholanan, ra bedho babar blas… leyeh-leyeh kesiliran.

Pas jam loro niate arep padha bali, eh malah ibukku sms nawani bakso… senajan pada tesih kewaregen, dasar ra dhenger isin, pada gelem bae ditawani bakso kosongan. Oh ya pas bar mangan bakso, kucingku ngincipi kuah bakso sing wis diampur sambel, melasi banget dheweke kepedesan.

Ra suwe bar kuwe pada pamitan, ncen bakat “nganthong” (nganthong : prinsip namu bar mangan bali-red) ealah… ncen ra dhenger isin. Jam setengah teluan sidhane mbalik meng jogja. Nek kiye liwate dalan lor, liwat aspal gede. Kanca-kancaku tek jak muter-muter kota, ndeleng alun-alun karo tugu wallet. Bar kuwe trus lurus tekan jogja. Neng ndalan, pada ngobrol karo guyon karo nyanyi-nyanyi, maklum wetenge padha wareg (full-tank-red). Kang Abi be nganthek ra mumet, Riska ya iya.

Jam enem pa ya… tekan D6, shalat bareng trus bali nang umahe dhewek-dhewek. Ih ijih mangan mbarang… ck ck ck jijih banget sih lah! Wah pokoke dina kiye seneng banget. Umah inyong ditekani kanca-kanca. Bisa nggawe wong liya seneng tur wareg. Pokoke seneng lah.

Ya mudah-mudahan pada ra kapok meng aring umahe nyong. Nek gelem pas badan lah. Mengko ibukku tak kon nyiapke lontong opor maning he he he

Matur nuwun ya wis gelem nekani omahku.

-Vina at Kompak
(Komunitas Ngapak)-

1 Comments:

At 4:46 PM, Anonymous Anonymous said...

wah bahasa kebumen pncen oye..

kang ki, kumpulane cah-cah kebumen, nang http://wongbumen.info

 

Post a Comment

<< Home